Home »
Karya Ulama Nusantara
» SYI'IR AL-QUR'AN KARYA KHR ASNAWI KUDUS
SYI'IR AL-QUR'AN KARYA KHR ASNAWI KUDUS
Written By Guruku Kyai Bukan Mbah Google on Selasa, 11 April 2017 | 09.11
Ayate Qur'an kabeh nem ewu # Punjul nem atus suwidak krungu
Kang sewu nerangake perintah # Sekehe wajib fardlu lan sunnah
Lan sewu nerangake larangan # Kang sewu nerangake janjian
Sewu pengancam ingkang medeni # Sewu cerito dongeng kang peni
Sewu nerangake telodo # Supugo ngerti jur manjing dodo
Kang limang atus anerangaken # Halal lan haram dijogo temen
Satus ing tahlil tasbih anutur # Supoyo podo den tur tinutur
Ingkang suwidak nyaline ayat # Kang den salini tinutur tammat
Seng moco saben sak huruf Qur'an # Ginanjar siji sutera sandangan
Besok naliko ono suwargo # Langgeng lan tetep jembar lan lego
Seng sopo wonge podo kepingin # Macaho Qur'an kang luwih dingin
******
Diambil dari Kitab Fadhalatan Lisy Syaikhil Allamah Shohibil Fadlilah Muhammad Asnawi Al Qudsy.
M Rikza Chamami
Alumni Madrasah Qudsiyyah & Dosen UIN Walisongo Semarang
Related articles
- FATWA ULAMA MADINAH UNTUK MASALAH ISLAM NUSANTARA PASCA WALI SONGO
- Abdul Wahhâb ibn Ibrâhîm al-Âsyî (1905-1985); Pelopor Sastra Hijaz Modern Asal Aceh
- KH. Ma’shum Bin Aly Pengarang Tashrifan
- Kitab Berbahasa Sunda yang Merespon Gerakan Wahhabisme Karangan Ajengan Sempur Purwakarta
- Sanad Para Ulama Nusantara
- Ulama Hijaz Dari "Wong Ngapak" Syaikh Ahmad Nahrâwî al-Banyumasi (Kiyai Nahrowi Banyumas) yang "Hilang Terkubur"
kategori:
Karya Ulama Nusantara
0 komentar:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !